Wigatine Berpikir Positif

Saben-saben kita krungu anjuran supaya tansah “berpikir positif”. Lagi pengajian, Pak Kyai dhawuh supaya kita tansah “husnudzan”, “berbaik sangka” marang sok sapaa, luwih-luwih marang Gusti Allah. Nalika pengin katon ayu, maca-maca buku utawa koran bab rahasiane supaya katon ayu, maneh-maneh jare sing penting inner beauty, kecantikan saka jero, sing sumbere saka ati sing ayu lan resik. Semono uga nalika lagi ngrintis bisnis, kudu pinter-pinter ngembangake pikiran positif amrih tansah ulet, tanggon, ora gampang nglokro, disenengi liyan lan jembar srawunge.

Geneya “berpikir positif” iku kok penting banget? Para winasis tansah dhawuh yen pikiran mono gedhe pangaribawane marang kanyatan. Bab iki wis tau dibuktekake lumantar percobaan kang ditindakake sawetara dhokter ing Eropa. Mangkene:

Ana sawijining wong kang dipidana pati. Kaya lumrahe wong dipidana pati, awake dicancang lan mripate ditutup rapet. Lengene banjur ditatoni saengga ngetokake getih. Getih sing metu ora akeh, ora nganti mbebayani, nanging ing tatu kasebut diilekake banyu manget-manget, sing rasane kaya getih ndlewer akeh banget. Dokter-dokter iku kandha kaya-kaya marang kancane, ning disengaja murih dirungu dening wong kang dipidana iku, “Delengen, getihe mili akeh. Awake wis saya ringkih. Sedhela engkas dheweke mesthi mati.”

Embuh saking wedine apa piye, si narapidana kuwi kok percaya marang ujare dokter-dokter mau. Ora let suwe dheweke mati temenan. Mangka sacara medis, sejatine tatune babarpisan ora mbebayani. Ning kegawa saka pikirane sing wedi, sing mbayangake getihe mili akeh, lan dheweke suwe-suwe mesthi mati, wusana dheweke mati temenan.

Semono gedhene pengaruhe pikiran. Samubarang kang kita gambarake ana pikiran, luwih-luwih ngenani badan kita dhewe, cepet utawa suwe bakal numusi. Yen kita tansah mbayangake awak kita lungkrah, ringkih, ora sehat, duwe penyakit, ketok tuwa, ora bahagia, lan sapiturute, mesthi tumus! Awak kita sing sakjane sehat njur krasa lungkrah tenan, krasa ringkih tenan, krasa ora sehat tenan, lha….dadine lara tenan. Mesthi wae njur ora bahagia tenan, lan ketok tuwa tenan! Kaya conto ing dhuwur mau.

Seje yen kita tansah mbayangake yen awak kita sehat, kuwat, semangat, awet enom, sampurna, lan bahagia. Tamtu gambaran-gambaran positif mau uga bakal tumus ing kanyatan. Awak rasane tansah seger, sawernaning penyakit sumingkir, tumandang apa wae entheng, ati tansah bingar padhang, rumangsa optimis, satindak-tanduk nyenengake, wusana ngundang sanak-kadang padha nyedhak.

Lha mamula, padha-padha mikir, padha-padha mbayangake, aluwung mbayangake sing apik-apik wae ta?

NGILANGI PIKIRAN ALA

Salah sijining sumber penyakit yaiku anane pikiran utawa perasaan kang ala lan ora nyenengake. Ning ora perlu rumangsa gething marang pikiran/perasaan kang ora nyenengake iku. Cukup diilangi wae. Carane, kanthi ngurip-urip pikiran sarta perasaan nyenengake kang dadi kosok baline. Pancen ora gampang. Ning yen kerep dilatih, suwe-suwe bakal kulina dhewe.

Dadi saumpama kita lagi susah, sedhih, nglokro, bingung, cuwa, ngresula, gupuh, tansah sambat, lan sateruse; kita kudu nenangi rasa bungah, bahagia, optimis, seneng guyon, tentrem, ikhlas, lan tansah percaya sawutuhe marang sih kawelasaning Gusti.

Umpama kita gampang nesu, mangkel, benci, dendam, lara ati, cubriya, lan maido, kudu diupayakake tansah rumangsa asih tresna marang sapepadha, simpati, percaya, sumadulur, seneng ngapura, ayem, lan mbayangake kahanan kita saumpama dadi wong sing kita mangkeli.

Rasa isinan, minder, kuwatir, wedi bisa ilang yen kita tansah nglatih rasa percaya diri, cuek, ora nggape panganggepe wong liya, percaya marang apa kang bakal dumadi, percaya marang tuntunan lan pangayomane Gusti.

Cekake, kita kudu tansah rumangsa seneng, ayem, lan ikhlas nampa samubarang kang dumadi, senajan wiwitane krasa ora nyenengake. Anggone nglatih/ngulinakake diwiwiti saka sing gampang-gampang dhisik. Yen wis ngono, sakehing pikiran ala mesthi sumingkir dhewe.

NGGAMPANGAKE BERPIKIR POSITIF

Pancen ora gampang ngilangi pakulinan duwe pikiran ala lan ngganti karo pakulinan duwe pikiran/perasaan sing positif. Salah sijining cara kanggo luwih nggampangake upaya kasebut, yaiku kanthi ngeling-eling kerugiane yen kita tansah nuruti pikiran lan perasaan ala; sarta mbayang-mbayangake keuntungane yen tansah berpikir positif.

Sing jelas, yen kita tansah nduweni pikiran ala marang liyan utawa marang awake dhewe, kita bakal menderita dhewe. Pikiran panas, ati sumpeg, batin peteng, uring-uringan, akhire ora disenengi wong liya. Stres terus-terusan nyebabake awak dadi gopokan, lara-laranen. Wis ora bisa nyambutgawe, isih kudu ngetokake ragad kanggo tuku obat. Pikiran lan perasaan ala uga njurung marang tumindak ala, nggrogoti greget lan karep, marakake usaha kang ditindakake kendho, angel bisane ngranggeh apa sing digayuh.

Kamangka yen pikiran kita tansah positif, kita bakal tansah rumangsa seneng, bingar, bahagia, disenengi wong akeh, lan gampang entuk pitulungan samangsa kesusahan. Awake sehat lan kuwat, semangate dhuwur, pikirane padhang, bisa nyambutgawe mempeng ngranggeh apa kang dadi idham-idhamane. Rasa seneng njurung marang tumindak becik, luhuring budi, lan mesthi wae njur cinaket ing Gusti. Dongane kinabulan lan yen mati munggah swarga. Sapa sing ora gelem?

Ature: Wahyu Ananda
JB 31/LX, 2 April – 8 April 2006