Olah Rasa

Iku Arahen Sawabe

Padha sira titirua kaki,
Jalma patrap iku kasihana
Iku arahen sawabe!
Amberkati wong iku
Nora kena sira wadani
Tiniru iku kena
Pambegane alus
Yen angucap ngarah-arah,
Yen alungguh nora pegat pangati-ati
Nora gelem gumampang

(cuplikan saka Pepali Ki Ageng Sela, pupuh Dhandhanggula, karangane R.M. Soetardi Soejohoedojo).

Sawab iku yen Basa Indonesia: tuah. Iku arahen sawabe, karepe golekana sawab utawa tuahe. Kang dikarepake karo tembung jalma patrap, yaiku wong susila, beradab.

Kasebut ing Layang Centhini, perangan kang nyaritakake Raden Jayengresmi nalika kawangsit dening Ki Ageng Pawira ing Dhusun Sela, cuplikane:

Balik iku tirunen kaki, janma patrap sira kasihane, sira arahen sawabe, amberkati wong iku, nora kena yen dipun aji, tirunen lagi wenang, pambegane alus, yen angucap angarah-arah, yen alungguh nora pegat ngati-ati, nora sawiyah-wiyah.

Cakepane pupuh mau meh ora beda karo kang katur ing ngarep. Mung sumbere, ana kang saka Ki Ageng Purwo, liyane saka Ki Ageng Sela, kalorone adhedhukuh ing Dhusun Sela. Apa Ki Ageng Purwa lan Ki Ageng Sela iku wonge pancen siji? (Desa Sela iku dumunung ing sisih wetane Kecamatan Tawangharjo, Kabupaten Purwadadi, Jateng). Ki Ageng Sela iku kapernah simbah buyute Sutawijaya, Ngabehi Loring Pasar, kang ing tembe buri jumeneng nata kapisan ing negara Mataram kapindho, mawa gelar Panembahan Senapati ing Ngalaga).

APA TEGESE SAWAB

Tegese tembung sawab diterangake dening kang ngaku aran Ki Janggan Merbabu ing Pustaka Candra, landhesan carita cuplikan saka Adiparwa kang nggambarake nalika Prabu Duswanto saka negara Hastina mbebedhag buron alas ing sikiling Gunung Himawan. Sawise kelunta-lunta tindake njur munggah ing pratapane Resi Kanwa kang satuhu endah. Rinengganan ing sekar manca warni, kabeh sarwa nengsemake. Digambarake: Resi Kanwa iku darbe daya prabawa nentremake lan aweh kaendahan. Lha ya daya prabawa kang endah kaya ngono iku, manut Ki Janggan Merbabu, kang diarani sawab. Wose: pribadi agung iku darbe sawab.

Lha, apa ta tujuwaning sawab? Ki Janggan Merbabu olehe njlentrehake ing antarane ngene:

Manungsa urip satuhune tansah ngemban dhawuh supaya tumindak apik, luwih dening suka yen bisa nindakake tresna marang sasama. Iya tumindak kaya ngono mau kang nuwuhake utawa nglairake sawab. Kang diarani sawab mono pancaraning pribadi kang murakabi kanggo kabagyane sesamining urip, kang ora bakal kalong yen ta kadamakake, malah kosokbaline bisa saya wuwuh/tambah dadi kathah.

Dene kang nyalurake sawab iku iya panjenengane Gusti Kang Akarya Jagad. Dudu manungsa kang kadunungan sawab. Upamane, kaya kang kacarita ing dhuwur, Resi Kanwa kang darbe sawab, lan Prabu Duswanto kang kasawaban dene kersa tedhak ing pratapane Resi Kanwa, senadyan ora jinarag. Jalaran saka parikudu ngleremake salira, sawise kalunta-lanta mrana-mrana ing satengahe wana. Kok iya “kabeneran” pratapan suwau mung tinunggu putra putri Dewi Sakuntala, lan Resi Kanwa pinuju golek kayu bong kanggo sarana ngonjukake sesaji marang bathara ing bengine mengko. Sapa kang mangreh penggalihe Sang Prabu, kersa piyambakan tanpa bala lumebu ing ashrama? Ora liya iya Kang Akarya Jagad, kang nedya paring kanugrahan marang Sang Prabu, lumantar sawabe sang resi.

Minangka wuwuh tambahing patuladhan kang sacara ora langsung gegayutan karo masalah sawab, ana crita sapala kang nggambarake ana wong tuwa kang banget nesu marang anak kang tindake ana kang dianggep nyulayani karo karsane bapa.

Ing satengahing “duka yayah sinipi” klawan nyuntak uneg-uneging ati, adhine lanang bapa mau sumela, “Eling Kang, eling! Aku gak nglarang sampeyan nesu marang anak kaya ngono. Mung welingku, ing sajroning nesu aja nganti nibakake tembung ..tuwa!”

Welinge si adhi mau kok iya mak prepet nyandhet bakal wetune tembung kang dening si adhi bisa dianggep tembung tuwa. Biasane ing sajroning nesu pancen akeh laline, njur ngesotake si anak. Anake dhewe! Ing sajroning eling tansah kinudang-kudang ing tembe bisa dadi jalma patrap, jalma susila anoraga, lan sateruse. Bareng ana welinge si adhi kaya ngono mau, kena sawab utawa kesasaban karo welinge si adhi, tembung tuwa ora sida keprojol, disarekake ana ing...ati.

Ature: Mas Wongsodinomo
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006